Minggu, 06 November 2011

teks nampi nganten (menyerahkan pengantin)

Nuwun, kula nuwun.
            kawilujengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Mahaasih mugi kajiwa kasarira wonten ing panjenengan sedaya.
Ingkang kinurmatan Bapa saha Ibu HARIMURTI, tuwin para putra putri, dalasan sagung kulawarga, miwah para rawuh.
Nuwun, keparenga matur kula fina minangka sesulihipun Bapa saha Ibu DANISWARA  sakulawarga, kula kadhawuhan masrahaken penganten kakung Adi DANISWARA  katur Bapa saha Ibu HARIMURTI
Wondene kalampahanipun mekaten : kala wau tabuh 09.00 penganten kakung kula pendhet saking dalem Margi  Permai angka 21, kanthi kairing para sepuh, kulawarga, sanak kadang, mitra pitepangan, salajeng kula bekta sowan dumugi ing dalem Margi Ahmad yani angka 37 ngriki, kalayan gangsar saha gancar.
Pramila, ngemban dhawuh wigatosing sedya, keparenga ing samangke penganten kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken katur Bapa HARIMURTI cundhuk kaliyan lampahing upacara.
Wasana kula nyuwun pangaksami bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang subasita dhateng penggalihipun para rawuh sedaya.
            Nuwun, matur nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar